Silakan berkomentar. Tuliskan url blog atau website anda dengan valid. Link di komentar ini dofollow. Jadi anda akan dapat bonus backlink
RAF mengatakan ...
7/7/2008 9:03:37 PM
Mas,
Generasi kita kayaknya memang sudah "terkontaminasi" soal bahasa jawa , dimana dunia semakn global , urusan semakin banyak dan butuh kepresisian tinggi . Saya sendiri harus menggunakan banyak bahasa jadi klenger ( wah gayane ...ben )
Ada pengalaman unik nih , waktu itu lebaran dikampung diadakan silaturahmi keluarga besar ( rutin tiap tahun ) , salah satu acaranya adalah halal bihala massal , saya ditunjuk sebagai juru bicara generasi muda , mati-lah , terpaksa saya permisi kepada hadirin untuk memakai bahasa indonesia biar nggak salah persepsi . Bagaimana nggak minder wong lawan bicaranya piyayi sepuh dengan bahasa pedalangan yang begitu mlipis...Tapi karna bakti pada Ayahku yang menunjuk saya sebagai wakil generasi muda ya..maju tak gentar saja..
Maaf semua pembaca komen saya nggak pakai bahasa Jawa
Wassalam
MEDS mengatakan ...
7/7/2008 11:01:22 PM
ora opo-opo mas Raf, sing penting pesan tersampaikan. aku ugo nek ngomong karo poro piyayi sepuh isih akeh campurane boso Indonesia, tinimbang salah kromone. ning sing penting, akeh budaya jowo sing perlu perhatian, lan tugase poro generasi muda nguri-uri lan melestarikan.
campur to? Kagem poro pakar, kawulo ngundang, monggo sami komentar, ngagem boso jowo standar. maturnuwun.
7/8/2008 12:24:53 AM
Inggih leres...samenika kathah tiyang Jawa ingkang ilang Jawa ne... KEsupen kaliyan budaya Jawa utawa adat ketimuran...
Mugi2 kula lan panjenengan sedaya tansah pikantuk rahmat saking Gusti Kang Maha Agung.. Supados saged nerasaken budidaya Jawa wonten salebeting pergaulan... (Maklum, saya juga ilang Jawane...Hehe jadi campur2)
MEDS mengatakan ...
7/8/2008 2:18:08 AM
amin. lan sing penting identitas lan budaya jawa ora ilang kegerus jaman.
7/9/2008 1:11:36 PM
Ojo nganti wong Jowo arep sinau budoyo Jowo kudu lungo nyang negoro Londo, sebab buku-buku kabudayan Jowo wis akeh sing dirampas lan disimpen ing negoro Londo.
Opo wis ono kamus boso Jowo?
MEDS mengatakan ...
7/10/2008 4:14:34 AM
leres mbah, emane, pelajaran boso Jowo ning sekolahan, dadi pelajaran nomer 2, alias ora dipentingke. suwe-suwe awake dewe iso ngangggo tulisan jowo minongko tulisan sandi, lha ora ono sing iso moco.
kamus boso jowo ono, tapi jowo Indonesia.
7/15/2008 7:49:18 PM
Mas Med ingkang minulyo.
Sak derenge nyuwun pangapunten. Opera mini macet, dos kulo ketinggalan sepoor.
Wah remen sanget maos seratan panjenengan ingkang ngagem boso jawi. Raose mak nyous wonten piyantun enèm ingkang taksih kerso nguri2 boso jawi. Mugi boso jawi boten ical kados boso Kawi lan sakpanunggalanipun. Panci punopo2 ingkang mambu jowo keraos kirang sae kados to wedus jowo, gulo jowo, mulih nang jowo... (sajake betawi niku teng pulo londo ??)
MEDS mengatakan ...
7/16/2008 11:18:33 PM
Maturnuwun Pak Dokter. nanging tiang enem kados kulo yektos mbutuhaken bimbingan lan wulangan saking poro winasis, kados Pak Dokter Indro, ingkang sajake ugi dados empu lan dalang.
7/28/2008 10:09:06 AM
nuwun sewu ya mas, aku tak crita pengalaman lucu ngenani basa jawa:
aku tau diutus maratuwa dadi wakil kulawarga supaya dadi juruwicara, matur nang calon besane maratuwaku, piyayi tulungagung
wah, kepeksa sinau nata ati, nata basa sak unggah-ungguhe pisan
tekan nggone, olehku matur wis, pokoke sip tenan, nganti maratuwaku dewe ra ngerti apa sing tak aturke, saking yahud lan runtut lehku matur (maklum, maratuwaku surabaya asli-sli)
giliran besan mangsuli, GANDRIK, basa indonesia!
jebul basa jawane ra patek genah, mula timbang kisinan njur nganggo basa indonesia ....
ngaten mas medi, mugi2 karenan maos
nuwun
MEDS mengatakan ...
7/29/2008 9:38:52 AM
maturnuwun komentaripun ki paromo suko. Ki dalang mesti mawon mumpuni ing babagan boso. benten kaliyan kawulo pun termasuk generasi campur.
MEDS mengatakan ...
7/29/2008 9:58:31 AM
test long web
mengatakan ...
10/8/2008 11:12:54 PM
mbok bilih rumongso dados tiag jai niku ampun ilang jawine?jati diri kok diilangke/apa ga takut jowo kto diakui bangsa lianopo ga malu sinau jowo ro wong inggris/prancis!!!!
MEDS mengatakan ...
10/8/2008 11:19:14 PM
inggih, leres. nanging kok mboten nyerat asmanipun?
12/6/2008 2:04:33 AM
kakang kawah adi arai-ari
sedulur tuwa papat lima pancer
sing dumunung ana ing awak ingsun
jungkungana laku ingsun
jabang bayine Nanang Hariadi (Gus Har)
bisa kasembadan apa sing ana ati lan pikiran ingsun
yaiku bisa ketemu kalawan sira sedulur kabeh
kanti kalis ing sambekala
padang panjang.... Amin...
MEDS mengatakan ...
12/6/2008 9:31:21 AM
Maturnuwun Pak Harusn Al Rasyid, tebih saking Padang Panjang. Mugi kesarasan, keslametan engkang tansah pinanggih. salam saking Jakarta.
JOOKER mengatakan ...
3/18/2009 8:45:34 AM
lagi nemu blog nganggo boso jowo, telat ora opo-opo yo? tak melu ngomong sithik nang kene. saiki akeh wong jowo sing ora iso boso jowo termasuk aku dhewe he..he.., ayo podho bareng2 sinau jowo meneh ben ra ilang jowone. kabeh wong saiki ra njowo..
MEDS mengatakan ...
3/18/2009 8:56:24 AM
Nggih mas Jooker, pada karo aku, aku yo ora pinter basa Jawa alus, lha wong saben dinane nganggo basa ngoko. dadi lali.
Mangga, pada disinau boso Jawa. Basa leluhur.
4/5/2009 7:17:13 AM
Kulo nuwun,
Tumut remen wontenipun blog Jowo punika. Mugi saged nderek nglestantunaken eksistensi Jawa kadosta basa jawa tuwin aksaranipun saha kabudayanipun. Awit kula kuciwa bilih kathah generasi sakmangke ingkang boten tepang basa, aksara, budaya lsp.
MEDS mengatakan ...
4/5/2009 10:44:36 AM
maturnuwun sampun kerso pinarak bu. mugi-mugi,kanti bimbingan para pinisepuh, basa jawa saged lestari.
HANDOKO mengatakan ...
5/18/2009 12:37:18 AM
Matursuwun mas,
Sajakke kula nggih badhe sinau matur kangge jowo inggil, ning kepripun kulo mboten saged, saniki kulo butuh kamus indonesia-jowo, sami kaliyan kamus jowo-suriname. Upami wonten sedulur ingkang gadhah, tulung diinformasikan kali kulo, suwun...monggoo
7/13/2009 11:00:39 PM
M E N U N G G A L L A H
J O W O K U
A J A R I A N A K C U C U M U
B O S O L A N B U D O Y O J O W O
8/15/2009 11:33:39 AM
Boso jowo sakjane kepenak nulise yo kepenak nek wis kulino,sing pengen konsultasi boso jowo ugo sing pgen usaha sampingan neng tanpo modal klik wae http://www.komisiGRATIS.com/?id=Philo