Golkar - Demokrat pisah

Judule bener apa ora ya. Ora ngerti, watone, aku kangen wis suwe ora nulis nganggo basa Jawa, senajan Jawa ngoko. Ceritane, jagad politik Indonesia lagi panas. Partai Golkar, mundur saka koalisi karo Partai Demokrat. Alasane, Demokrat kaya-kaya ngulur wektu, lan nolak kanti alus niate Golkar nyalonke ketua umum Jusuf Kalla dadi Cawapres-e SBY.

SBY njaluk persyaratan, cawapres (calon wakil presiden saka Golkar kudu luwih saka siji, yaiku telu). Iku sing ndadekna para pengurus DPP Golkar maca yen SBY nolak kanti alus Jusuf Kalla dadi wakile maneh ana ing pilihan presiden (pilpres 2009).

Nasibe Golkar pancene yo melas. Biyen, ana pemilu 2004 dadi pemenang. Nanging, calon presiden saka Golkar, Wiranto, kalah karo calon presiden saka Demokrat: SBY. Jusuf kalla sing dadi wakile SBY, dudu calon resmi Golkar, akhire iso ngrebut kursi ketu umum Golkar.

Wiwit Golkar dipimpin Jusuf Kalla, partai dadi kaya ora jelas garis politike. Awale, Golkar ora tegas ngumumake sapa sing bakal dadi Capres - cawapres-e, jarene arep nunggu hasil pemilu 2009. Kondisi iki jalaran ketua umum-e Jusuf Kalla. Jusuf Kalla jelas ora "pede" nyalon presiden. Mbokmenawa isih rikuh karo SBY yen arep nyalon.

Nanging ana pernyataan saka pengurus Partai Demokrat isng ndadeake nesune para pengurus Golkar. Pengurus mau ngedika yen, yen swarane Golkar mung 2.5 persen, Demokrat bakal koalisi karo partai sing luwih gede. Akhire, sakwise akeh tuntutan saka kader Golkar, Jusuf Kalla mutusna arep maju dadi capres pilpress 2009.

Ning pemilu 2009 asile, Demokrat menang, Golkar mung entuk 14%. Iki ndadekna para pengurus Golkar madeg mangu. Ana sing kepengin tetep nyalonake Jusuf Kalla, ana sing kepengin balik ning SBY, ana sing kepengin koalisi karo lawane SBY, Megawati.

Golkar wis mbentuk tim kanggo meloby kubune Demokrat-SBY. Nanging ditunggu-tunggu, SBY ora menehi jawaban. Iki ditafsirna dening para pengurus Golkar yen SBY "nolak kanti alus". Akhire, DPP Golkar mutusna mundur saka rencana koalisi karo Demokrat.

Iki ndadekna pepisahan sing angka loro, antarane SBY - JK. Durunf suwe, JK wis mutusna arep nyalon dadi capres saka Golkar. Keputusan iki disengkuyung dening sebagian kader lan pengurus Golkar, Sebagian liyane ish tetep kepengin Golkar koalisi karo Demokrat/ SBY.

Tapi iki durung keputusan final. Besok arep ana Rapimnassus ning Hotel Borobudur Jakarta. Rapat iki dihadiri para pengurus DPD Provinsi se- Indonesia. Keputusan rapat iki dadi keputusan resmi DPP.

Golkar iku partai gede, kudu duwe garis politik sing tegas. Tinimbang ngemis-ngemis njaluk jatah wapres, mending nggalang koalisi nyalonke kader-e dewe. Kalah menang ing demokrasi iku biasa. Nanging, yen partai ora konsisten, bakal ditinggal pemilih. Utawa arep njawab pertanyaan iki: Sandyakalaning Golkar?

Nyuwun pangapunten dumateng sedaya pinisepuh lan winasis ing babagan Basa Jawa. Mbok menawi kathah kesalahan anggen kawula nulis.

« HOME

posted on:4/22/2009 11:55:37 AM | by: meds | under: opini | coment on medscript ( 6 ) Komentar

Bookmark and Share

Related Post

  1. Jangan lupakan kasus Century--6/30/2010 1:36:25 PM
  2. Selamat Bermuktamar untuk NU--3/24/2010 2:27:27 AM
  3. Pelajaran Lalu-lintas--2/13/2010 4:07:53 AM
  4. Demonstrasi, semoga tidak ramai-ramai mendemo angin--1/28/2010 4:19:02 PM
  5. Nasib Hak Angket Century DPR sepertinya suram--11/26/2009 11:47:34 AM
  6. Tidak bisa berharap banyak pada DPR--11/11/2009 5:13:15 PM
  7. Cintai Indonesia, Cintai KPK--10/31/2009 3:49:40 PM
  8. Menunggu telpon--10/14/2009 6:46:08 PM
  9. Aburizal Bakrie ketua umum Golkar yang baru, jadi ilfill--10/7/2009 5:57:47 PM
  10. Antara Cicak dan Buaya--9/15/2009 7:06:41 PM
  11. Golkar Bingung--4/28/2009 12:06:52 AM
  12. Pemilu 2009, Demokrat yang fenomenal--4/10/2009 2:54:16 AM
  13. Situ Gintung--4/3/2009 9:41:50 AM
  14. Pemilu Banyak Partai, tanya kenapa--3/18/2009 9:38:25 AM
  15. Rokok Haram, Golput haram. Tanya Kenapa?--1/27/2009 10:29:31 AM
  16. Teori Jendela Pecah untuk Jakarta--11/19/2008 9:49:46 AM
  17. Hati-hati BLBI Jilid 2--11/14/2008 11:32:29 AM
  18. Memperingati Hari Pahlawan--11/10/2008 10:57:32 AM
  19. Krisis keuangan Global--10/14/2008 12:14:22 AM
  20. Pakaian Khusus Buat Koruptor--8/12/2008 11:44:05 AM

Komentar

Silakan berkomentar. Tuliskan url blog atau website anda dengan valid. Link di komentar ini dofollow. Jadi anda akan dapat bonus backlink

EYANG BETHORO mengatakan ...

4/22/2009 9:02:54 PM

wah.. elok tenan tulisane dik... muga diwoco sedulur2 sing nang jaban rangkah koyoto suriname, tonga, lan pulo romusha. ugo poro tki/w soko jowo sing lagi golek pangan ono monco negoro.

Salam kagem dik Medi. eyang nunggu tutuge crito.


MEDS mengatakan ...

4/22/2009 10:53:17 PM

Nggih Eyang Bethoro, nulis jawa nyata-nyata awrat mbah. Milih ukara engkang baku. Beda karo basa Indonesia sing bisa ngrembaka nyerap ukara basa manca. Basa Jawa kaya-kaya mandeg, ora berkembang.


DREAM HOUSE mengatakan ...

10/18/2009 10:26:20 PM

wah, nembe iki ngerti ana sing aktif nulis nganggo basa jawa


NYUBI mengatakan ...

12/8/2009 9:37:27 PM

wah.. udah jadi pengamat politik mas Med?


WEW mengatakan ...

1/15/2010 4:20:37 AM

nice


WEW mengatakan ...

1/15/2010 4:22:04 AM

nice om


Nama | Name

Email

*tidak ditampilkan

Blog/ Website

*tanpa http

Komentar

Masukkan Kode Berikut | Refresh untuk ganti Kode

CAPTCHA |

about sumedi
foto sumedi

ini adalah personal blog saya. Berisi tulisan, pendapat pribadi, ulasan terhadap sesuatu. Untuk mencari dan berbagi pengalaman. Mengapa bukan wordpress, jomlaa, atau drupal? [selengkapnya]

recent post asp
my comments
my archives

Viewed: 173522 kali
its just click counter not unique visitor, not visit counter